wejangan paseksen ;pamejanganipun kinen anaksekaken dhateng sanak kita inggih punika sagunging dumadi .ingkang gumelar wonten ing donya .kadosta langit ,surya, wulan ,lintang latu, angin ,toya lan sapanunggalanipun,samiyo aneksenanayen yen kita samangke sampun angakeni jumeneng pangeran,dados warganing pangeran ingkang sajati.wewarah punika saking cipta sasmitaning N.MUHAMMAD.S.A.W.ingkang kawedaraken dhateng bagindha ngali :
INGSUN ANEKSENI ING URP INGSUN DHEWE,SETUHUNE ORA ONO PANNGERAN ANGING INGSUN lan INGSUN ANEKSENI MUHAMMAD UTUSANINGSUN SEJATINING KANG ARAN ALLAH IKU BADANINGSUN, ROSUL IKU RAHSANINGSUN,MUHAMMAD IKU CAHYANINGSUN IYA INGSUN URIP TAN KENA Pati,kang eling tan kena lali,LANGGENG TAN KENA OWAH LAN GINGSIRING KAHANAN JATI ,IYA INGSUN KANG WASKITA ORA KESAMARAN ING SAWIJI WIJI,TETEP INGSUN KANG MURBA MESESA,KANG LUEH WICAKSANA ,BYAR SAMPURNA PADHANG TERWANGAN,ORA KRASA OPO OPO ORA KATON OPO OPO AMUNG INGSUN KANG MENGKU ALAM KABEH KELAWAN PURBA WISESA PEPESTENINGSUN.
menggah dunungipun mekaten;kasebut ing dikir ;LA ILAHA ILLA LLAH MUHAMMADUR ROSULULLAH tegesipun mekaten boten wonten pangeran anging Allah lan muhammad utusaning Allah,ananging sejatosipun ingkang dipun wastani Allah iku pakartineng rosul,rosul punika inggih muhammad lan muhammad punika sejatose cahya kita,sajatose gesang kita punika gesanging pangeran,;kayekten kasebut bileh pangeran punika kuwasa mijilaken gesang saking pejah wijiling pejah saking gesang.inggih gesang kita pribadi punika sayekti saking ngpejah ,ing wekasan bten kenging pejah
Tidak demikian adanya,tidak spt yg tlah saya baca dalam kitab attasadur adamakna,dan juga bental jemur adamakna...
BalasHapussaya juga pernah merasakan apabila muadzin mengucapkan syahadat,tiada Tuhan melainkan aku,tapi itu semua tidaklah sederhana,karena permasalahannya sangatlah rumit,Semoga Allah senantiasa memberi petunjuk kepada kita semua..
kita sama2 belajar memahami apa yang ada di attassadur ,,memang aattasadur banyak mas?
HapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapus