Sabtu, 11 Desember 2004

Wirayat Jati dari Attasadur Adamakna bagian 1 dan 2

   Anenggih puniko pituduh ingkang sanyoto anggelarake dunung lan pangkateng kaweroh kasampurnan sakeng pamejange poro wicaksono ing nungsa jawi,karso ambuko pitedah kasajaten kaweroh kasampurnan.tetilodo saking kitab tashawf.wejangan inkang thukul saking kaweningane raose penggaleh,inggih cipta sasmitaneng pangeran rinilan ambuko pangandikane pangeran ,ingkang suraosipun :ING SABENER BENERE MANUNGSO IKU KANYATAANE PANGERAN,LAN PANGERAN IKU MUNG SAWIJI.


 Dawuh mekaten wau ingkang kawedarake dados witeng kaweroh kasampurnan ,ingkang lajeng kejangake deneng gurunadi dumateng para ingkang sampun katarimah puruhitanipundene kaweoh wau lajeng kadhapok ,8 pangkatansarto pmejange kawedar sarono kawisikake ing talingan kiwo.pamejang wau kenginge namung dhateng tiyang ingkang sampun angsal ilhame pangeran tegese ingkang sampun tinarbuko papadhangeng budi pengangen angaenipun(ciptanepun)
          awet saking puniko ingkang sami kasdu maos serat puniko nuwun ingpngeran ,mureh tinarbuko ciptaneng saged anampeni saha ngecup suraose wejangan puniko.inggih muhung dumunung ing suraose cipto beloko..lan vothen kengeng andamel wiraosan dateng tiyang ingkang dereng  nunggil raos,inggih ingkang dereng angsal ilhame pangeran.medale pangandiko kedah dudugi lan pamayogi,lan angon  mongso lan empan papan soho sinamun lungiding boso..
             menggah wontene wejangan 8 pangkat wau ;
    1 wejangan PITEDAHAN WAHANANE PANGERAN,sasadan pangandikane pangeran dateng N Muhammad  mekaten;"sejatine ora ono opo2 ,awit maksih awang uwung durung ono sawiji wijji ,kang ono dhihin  iku ingsun ,ora ono pangeran anging ingsun sejatine kang urip luweh suci
  amartani warna aran lan pakartiningsun(dzat,sifat,asma, af'al)

menggah dunungipun mekaten ;kan binasakajen angandika ora ono pangeran anging ingsun ,sejatine urip kang luweh  suci ,sejatose inggihn gesang kito puniko rumasuk dening pangeran kita,menggaheng warna aran lan pakarti kkita,punika sedaya saking purbawisesaneng pangeran kitA,Inggih ingkang siniuksma ,tetep tinetepan,inggih kang miseso,inggih wang /'inggih kang manuksma inggih kang sinuksma,tetp tinetepan,inggeh kang miseso ,inggih kawisesa ,umpami suryo lan sunaripun,maben lan manisipun,sayekti boten saget dipisahno

       2.wejangan PAMBUKO KAHANANING PANGERAN. pamejangipun amarahaken  pepangkatan adeging gesang kito,dumunung ingdalem 7 kahanan.sasadan pangandikane pangeran dateng N Muhammad mekaten:setuhune ingsun pangeran sejati lan kuwoso anitahaken sawijiwiji, dadi saknaliko saka kerso lan pepesteningsun,ingkono kanyatane gumelareng karsa lan pakartiningsun,Kang dadi pertandha

          1.ingsun gumono ingdalem alam awang uwung kang tanpo kawitan tanpo wekasan ,iyo iku alam ingsun kang piningit

          2.ingsun nganaaken cahyo minangka panuksamaningsun,dumunung ono ing alam pasenedaningsun
          3.ingsun nganaaken wewayangan,minangka dadi pertandha rahsaningsun ,dumunung ana alam pambabaring wiji

          4.ingsun nganaaken suksmo ,minangka dadi pertandha kauripaningsun,dumunug ana alaming getih.
          5.ingsun ngaaken angen2 kang uga dadi warnaningsun,ana ingdalem alam kang lagi keno kaumpamaaken bae
          6.ingsun nganaake budi ,kang minangka kenyataan pencareng angen2kang dumunung ing dalem alam badan alus
          7ingsun anggelar warana kang minangka kakandhangan sekabehe paserenaningsun .kasebut nem perkara ing duwur mau tumitah ana ing ngalam dunya iki sajatining manungsa.

          kacarios wonteneng warana mau wau,kadadosake saking pakartining pramana warni sesotyoa kang darbe sorot mancawarni,ing nalikanipun mosik lajeng ngawontenake tigang perangan ing satunggal satunggale perangan  sami nngwontenaken warni tigang perangan malih ,kadosta;
          1.huruh, ngawontenake :1kulit,daging ,sapanunggalane 2 ,manik,manah ,jantung sapanunggalane.3herah,mani,sumsum ,sapanunggalane
          2kukus,ngawontenaken 1,napas lan kaketeg.2.pancadriyo 3.nafsu
          3.toya ,ngawontenaken 1,suksma utawi nyawa.2 rahso utawi cipto 3cahyo

      sedayo wau inggih punika ingkang sami dados warnaneng pangeran dumunung ing badan kita pribadi ,sampun uwas sumelang ing oanggaleh ,sebab kawontenanipun ingkang gumelar ing jagat ageng lan jagat alit ,punika sampun kawengku saklebeting warana ,kaprabawan deneng purbo wisrsaning pangeran kita.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar