Sabtu, 11 Desember 2004

4,wejangan kayektening pangeran

  4.wejangan :KAYEKTENING PANGERAN,inggih punika pitedahing tataning keraton ,duk tinata wonten uteke manungsa .sejatosipun ingggih namung kangge pitedahan kayektening satunggal satunggal ,anandhaaken kdadosan karsa ,ingkang owah gingsir kahananpun, wejangan wau inggih anggelaraken bab sampurnane manungsa,kang ugi sasadan pangandikanipun pangeran dhateng N MUHAMMADmekaten,sejatiningsun iku anata palenggahan ,dmunung ana ing parameaningsun ,jumeneng ana siraheng mannungsa ,.kang ana sak jeroning sirah iku, utek ,kang gegandhengan ana natarane utek iku manik ,yo iku elenging  netra,aran praamana, .sakjeroning manik iku budi,sakjeroning budi iku napsu,kang uga ingaranan angen2 ,sakjeroning napsu iku suksma, kang uga ingaranan nyawa ,roah utwi getih ,sajeroning suksma iku rahsa,kang uga ingaranan cipta ,sakjeroning rahsa iku ingsun.ora ono pangeran anging ingsun sajating urip kang anglimputi sagunging kahanan.menggah dunungipun mekaten:
         1sirah,sajatineng enggen parameyan.
         2.utek,kandanging cahya,pambukaning netra,
        3.manik,sajatining prmana,pambukaning paningal
        4.budi sejatining manah ,pambukaning pamicara
        5napsu,sejatining angen2,pambukaning swara
        6 suksma,sejetining nyawa,pambukaning swarga
        7rahsa,sejatineng gesang,pambukaning pangraos
  peperangan ing nginggil punika sajatosipun boten sanes witeng pangawasa wau,inggih saking purba wisesaning pangeran kita.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar