Sabtu, 11 Desember 2004

wejangan panetepan santosane pengandel Attasadur Adamakna

 wejangan kaping ppitu PANENETEPAN SANTOSANE PANGANDEL.bubuko saking kaweroh kang winastan sahadat,awit dene  pamejange amangsit ingkang dados pikekah pengandel kita.anggening angestokaken dhateng kyektening gesang kita pribadimeanwi sampun tetep rinasuk dening pangeran kita .menggah lampahing pejah ingkng sampun kinaweruhan ,anyariyosaken sajatining pangidep ingkang terus dadi kencengeing pangesti ,pipiridan saking cipto sasmitaning N.MUHAMMAD S.A.W.ingkang kawasitakaken dhateng bagindha ngali.:INGSUN ANEKSENI ,SETUHUNE ORA ANA PANGERAN ANGING UNGSUN  LAN ANEKSENI SETUHUNE MUHAMMAD IKU UTUSANINGSUN.dene dununge mekaten:ingkang dipun wastani pangeran ,ingiggih jumenenge gesang kita pribadi..sejatinipun sekatahe sessebutan puniko boten wonten.milo binasakaken boten wonten pangeran,punika tetepipun amung gesang kita pribadi,ingkang sinebut inggih ingkang anebut.lahiring pangeran inggih wonten ing manungsa.lan bathinipun manungsa woonten pangeran.ingkang sinebut muhammad punika sejetining cahya kita pribadi,mila kaaken utusan,margi cahya kita punika punika dadi panengeraneing pangeran.;sayekti temen kabeh tumeka marang sira utusaning pangeran metu saka awak ira.mungguh utusan iku nyambadani barang saciptanira.yen angandel
sayekti antuk sih pangapuraning pangeran.
     mnawi sampun saget nampani pitedahan ingkang ekaten dpun awas ing penggaleh.inggih gesang kita pribadi jumeneging nugraha lan kanugrahan ,nugraha iku pangeran ,lan kanugrahan iku kawula ,tunggil tanpa wangenan wonten ing badan kita pribadi.
mnawi kawiridake datheng tiyang istri inggih mekaten;anekseni ingsun ora ana pangeran anging ingsun lan anekseni muhammad  iku utusaningsun lan fatimah iku umatingsun

Tidak ada komentar:

Posting Komentar