5.Wejangan engkang kaping gangsal, dipun wastani ;KANYATAHAN WAHANANING PANGERAN, inggih puniko ambuka panataning palenggahan, duk jumeneng wonten salebeting jantunging manungso, puniko sajatosipun inggih namong minongko pitedahan kayektening kahanan satunggal-satunggal, nandhakaken kadadosaken karsa ingkang langeng boten mawi ewah gingsir saking kahanan jati. Makaten ugi ngemot carios bab kasampurnaneng manungso, sasadan pangandikaning Pangeran dateng N. Mohammad s.a.w. Makaten pangandikanipun ; sajatine ingsun anoto palenggahan ono sajroning jantunging manungso,iyo iku enggon laranganingsun, jumeneng ono dhodoning manungso, kang ono sajroning dhodho iku ati, kang gagandengan ono saantaraning ati iku jantung, sajroning jantung iku budi, sajroning budi iku jinem, tegese angen-angen, sajroning jinem iku suksmo, sajroning suksmo iku rahsa, sajroning rahsa iku ingsun, Ora ono Pangeran anging ingsun, sajatining urip kang amlimputi sagunging kahanan, menggah dhunungipun makaten ;
1. Dhadha, tegesipun griyo kang ka'awisan.
2. Ati, tegesipun panca driya, inggih nafsu, wahyaning nafas.
3. Jantung tegesipun osik gangsal, inggih birahi, wahyaning keteteg.
4. Budi tegesipun kawaspadan, inggih karsa, wahyaning pamicara.
5. Jinem tegesipun panggraita, inggih swara, wahyaning pamiarsa.
6. Suksmo tegesipunerah, inggih cipta, wahyaning pangganda.
7. Rahsa tegesipun urip, inggih kang kawasa, wahyaning pangraos.
Perangan ing nginggil punika, inggih sami kemawon maksutipun kaliyan perangan ing wewejangan ingkang kaping sakawan.
6. Wewejangan ingkang kaping nem, dipun wastani ; KAYEKTEN KAHANANING PANGERAN, inggih puniko pambuka tataning palenggahan duk tinoto wonten kontholing manungso, inggih saking karsaning Pangeran engkang amesti, puniko sajatosipun inggih amung minongko pitedahan kayektening kahanan satunggal-satunggal, nandhakaken kadadosaken karsa ingkang boten mawi ewah gingsir ing kahanan jati, Mekaten ugi ngemot carios bab kasampurnaning manungsa ingkang ugi sasadan pangandikanipun Pangeran dhateng N Mohammad s.a.w. Makaten pangandikanipun ; sajatine ingsun anata palenggahan ana sajroning kontholing manungsa, iku omah dununging pasucianingsun, kang ono sajroning konthol iku pringsilan, kang anglimputi ono sa'antaraning pringsilan iku mani, sasarining mani iku madi, sasarining madi iku wadi. sasarining wadi iku manikem, sajroning manikem iku rahsa, sajroning rahsa iku ingsun.Ora ono Pangeran anging ingsun, sajatining urip kang anglimputi sakliring tumitah, jumeneng dadi wiji kang piningit, tumurun mahanani sosotya kang ndingin kahanan kabeh, maksih dumunung ono alaming wiji, laju manggon ono ing alam pambabaring wiji, laju tumurun ono ing alaming suksmo, iyo iku alam kang ingaran upama, laju tumurun marang alam dunya, iyo iku alaming manungsa urip, lan iya iku sajatining warnaningsun. Menggah dunungipun makaten ;
1.kontol,sinebut griya kang sinucekaken
2.pringsilan.nyataaneng birahi ,bubuka semsemeng manah
3mani nyatning hawa bubuka semseming pandulu
4.madi nytaning karsa bubuka semseming pamireng
5,wadi nyataning cipto,bubuka semseming pocapan
6.manikem nytaning pangraos ,bubuko semseming pangambu
7,rahsa,nyataning pangawasa, bubuko semseming salulut
Panggenaning maleh ;
1.mani=pejuh ingkang taksih kados toya warnaning surat biru
2madi sarining mani warnining surat dadu
3.wadi sarineng madi,waarninipun surat jene
4manikemsarining wadi warnining pethak maya maya kadi retna
5.wiji kang pininigit ,inggih punika rahsa aejati
6.sosotya ing dihin inggih manik embaning rahsa sejati ing ngriku wontening papangkatan pambabaring wiji dumunung wonten guo garbaning rena biyung ,inggih punika
1. Duk kendel 1 wulan, kita dumunung wonten alaming wiji.
2. Duk kendel 2 wulan, kita dumunung wonten pasenedhaning wiji.
3. Duk kendel 3 wulan, kita dumunung wonten pambabaring wiji.
4. Duk kendel 4 wulan, kita dumunung wonten alaming roh.
5. Duk kendel 5 wulan, kita dumunung wonten alaming upama
6. Duk kendel 6 wulan, kita dumunung wonten alaming badan.
7. Duk kendel 7,8,9 wulan, kita dumunung wonten alaming manungsa.
Ing mriku kita tetep jumeneng kasampurnaning manungsa [insan kamil], sampun darbe pakerti kita badhe lahir saking guwagarbaning ibu, tumitah wonten ing donyo.
Dene wejangan puniko manawi tumanduk dateng tiyang estri, wenang kasantunan pamangsitipun makaten ; ingsun anata palenggahan jumeneng ana bagane Siti Kawa, kang ana sajroning baga iku purana, kang ana antaraning parana iku reta, sajroning reta iku madi, sajroning madi iku wadi, sajroning wadi iku manikem, sajroning manikem iku rahsa, sajroning rahsa iku ingsun, lan salajengipun kados wejangan tumrap ing priya kasebut ing nginggil
KONSULTASI SPIRITUAL DAN THERAPY KESEHATAN : Insyaallah kami siap membantu permasalahan anda mengenai, perjodohan, bisnis, usaha, karir, studi, asmara, problema rumah tangga, pisahkan WIL/PIL, kehidupan slalu sial, pelet pengasihan, susuk kantil, ruwatan, tumbal rumah/ruko/perusahaan, sakit gila, stroke, lumpuh, penyakit medis/non medis/gaib, belajar ilmu hikmah,dll. Hubungi 0852-25450386 (24jam) Oleh KI NUR SALIM Tangerang Banten
Sabtu, 11 Desember 2004
4,wejangan kayektening pangeran
4.wejangan :KAYEKTENING PANGERAN,inggih punika pitedahing tataning keraton ,duk tinata wonten uteke manungsa .sejatosipun ingggih namung kangge pitedahan kayektening satunggal satunggal ,anandhaaken kdadosan karsa ,ingkang owah gingsir kahananpun, wejangan wau inggih anggelaraken bab sampurnane manungsa,kang ugi sasadan pangandikanipun pangeran dhateng N MUHAMMADmekaten,sejatiningsun iku anata palenggahan ,dmunung ana ing parameaningsun ,jumeneng ana siraheng mannungsa ,.kang ana sak jeroning sirah iku, utek ,kang gegandhengan ana natarane utek iku manik ,yo iku elenging netra,aran praamana, .sakjeroning manik iku budi,sakjeroning budi iku napsu,kang uga ingaranan angen2 ,sakjeroning napsu iku suksma, kang uga ingaranan nyawa ,roah utwi getih ,sajeroning suksma iku rahsa,kang uga ingaranan cipta ,sakjeroning rahsa iku ingsun.ora ono pangeran anging ingsun sajating urip kang anglimputi sagunging kahanan.menggah dunungipun mekaten:
1sirah,sajatineng enggen parameyan.
2.utek,kandanging cahya,pambukaning netra,
3.manik,sajatining prmana,pambukaning paningal
4.budi sejatining manah ,pambukaning pamicara
5napsu,sejatining angen2,pambukaning swara
6 suksma,sejetining nyawa,pambukaning swarga
7rahsa,sejatineng gesang,pambukaning pangraos
peperangan ing nginggil punika sajatosipun boten sanes witeng pangawasa wau,inggih saking purba wisesaning pangeran kita.

3. wejangan GEGELARAN KAHANANING PANGERAN
3 Wejangan GEGELARAN KAHANANING PANGERAN ,Pamejangipun ambabaraken ingkang dados kanyatahan lan karsaning pangeran ,nalika anggelaraken kahanan miwah panguwasanipun,inggih punika ingkang anedahaken waktu nbadhe dhtengipun pejah ,kang ugi sasadan pangandikane pangeran dhateng N MUHAMMAD SAW,mekaten:SAJATINE MANUNGSA IKU RAHSANINGSUN LAN INGSUN RAHSANING MANUNGSA ,karana ingsun anitahaken wiji kang cacamboran dadi saka karsa lan panguwasaningsun,iyo iku sasamineng geni ,bumi ,anngin lan banyu.,ingsun panjingi 5 perkara :cahyo,cipto,suksmo(nyuwo),angen2 , lan budi.iku minangka embanan panuksamaningsun,sumrambah ana ing badaning manungsa.
wejangan inggil puniko cunduk kaliyan pangandikane para wicaksana ing ngatas angin,makaten :rupo sejati punika asal saking sejatining rupo ,sajatining rupo punika inggih warnaning pangeran kang sajati,kababar wonten rupo kita pribadi,inggih punika tulada surating pangeran ,.utawi sajatinng panngeran punika dados tiladaning nyawa utawi suksma ssajati,nyawa sejati dados tiladaning warna sajati,warna sajati punika dados tiladaning rupo kita sajati,sampun uwas sumelang maleh sebab kahananing manungsa punika tuturutan wahananing pangeran ,katandaha saking prabawaning cahyo kang anglimputi ing warna kita pribadi,
amung dumugi samanthaen kemawon tepo palupining pralambang ,menggah sumelehin panggalih kasumanggaaken,angger kayuwuhan budi wicaksana .sayekti saged anampeni suraosipun sedaya wejangAN

wejangan panetepan santosane pengandel Attasadur Adamakna
wejangan kaping ppitu PANENETEPAN SANTOSANE PANGANDEL.bubuko saking kaweroh kang winastan sahadat,awit dene pamejange amangsit ingkang dados pikekah pengandel kita.anggening angestokaken dhateng kyektening gesang kita pribadimeanwi sampun tetep rinasuk dening pangeran kita .menggah lampahing pejah ingkng sampun kinaweruhan ,anyariyosaken sajatining pangidep ingkang terus dadi kencengeing pangesti ,pipiridan saking cipto sasmitaning N.MUHAMMAD S.A.W.ingkang kawasitakaken dhateng bagindha ngali.:INGSUN ANEKSENI ,SETUHUNE ORA ANA PANGERAN ANGING UNGSUN LAN ANEKSENI SETUHUNE MUHAMMAD IKU UTUSANINGSUN.dene dununge mekaten:ingkang dipun wastani pangeran ,ingiggih jumenenge gesang kita pribadi..sejatinipun sekatahe sessebutan puniko boten wonten.milo binasakaken boten wonten pangeran,punika tetepipun amung gesang kita pribadi,ingkang sinebut inggih ingkang anebut.lahiring pangeran inggih wonten ing manungsa.lan bathinipun manungsa woonten pangeran.ingkang sinebut muhammad punika sejetining cahya kita pribadi,mila kaaken utusan,margi cahya kita punika punika dadi panengeraneing pangeran.;sayekti temen kabeh tumeka marang sira utusaning pangeran metu saka awak ira.mungguh utusan iku nyambadani barang saciptanira.yen angandel
sayekti antuk sih pangapuraning pangeran.
mnawi sampun saget nampani pitedahan ingkang ekaten dpun awas ing penggaleh.inggih gesang kita pribadi jumeneging nugraha lan kanugrahan ,nugraha iku pangeran ,lan kanugrahan iku kawula ,tunggil tanpa wangenan wonten ing badan kita pribadi.
mnawi kawiridake datheng tiyang istri inggih mekaten;anekseni ingsun ora ana pangeran anging ingsun lan anekseni muhammad iku utusaningsun lan fatimah iku umatingsun

Wirayat Jati dari Attasadur Adamakna bagian 1 dan 2
Anenggih puniko pituduh ingkang sanyoto anggelarake dunung lan pangkateng kaweroh kasampurnan sakeng pamejange poro wicaksono ing nungsa jawi,karso ambuko pitedah kasajaten kaweroh kasampurnan.tetilodo saking kitab tashawf.wejangan inkang thukul saking kaweningane raose penggaleh,inggih cipta sasmitaneng pangeran rinilan ambuko pangandikane pangeran ,ingkang suraosipun :ING SABENER BENERE MANUNGSO IKU KANYATAANE PANGERAN,LAN PANGERAN IKU MUNG SAWIJI.
Dawuh mekaten wau ingkang kawedarake dados witeng kaweroh kasampurnan ,ingkang lajeng kejangake deneng gurunadi dumateng para ingkang sampun katarimah puruhitanipundene kaweoh wau lajeng kadhapok ,8 pangkatansarto pmejange kawedar sarono kawisikake ing talingan kiwo.pamejang wau kenginge namung dhateng tiyang ingkang sampun angsal ilhame pangeran tegese ingkang sampun tinarbuko papadhangeng budi pengangen angaenipun(ciptanepun)
awet saking puniko ingkang sami kasdu maos serat puniko nuwun ingpngeran ,mureh tinarbuko ciptaneng saged anampeni saha ngecup suraose wejangan puniko.inggih muhung dumunung ing suraose cipto beloko..lan vothen kengeng andamel wiraosan dateng tiyang ingkang dereng nunggil raos,inggih ingkang dereng angsal ilhame pangeran.medale pangandiko kedah dudugi lan pamayogi,lan angon mongso lan empan papan soho sinamun lungiding boso..
menggah wontene wejangan 8 pangkat wau ;
1 wejangan PITEDAHAN WAHANANE PANGERAN,sasadan pangandikane pangeran dateng N Muhammad mekaten;"sejatine ora ono opo2 ,awit maksih awang uwung durung ono sawiji wijji ,kang ono dhihin iku ingsun ,ora ono pangeran anging ingsun sejatine kang urip luweh suci
amartani warna aran lan pakartiningsun(dzat,sifat,asma, af'al)
menggah dunungipun mekaten ;kan binasakajen angandika ora ono pangeran anging ingsun ,sejatine urip kang luweh suci ,sejatose inggihn gesang kito puniko rumasuk dening pangeran kita,menggaheng warna aran lan pakarti kkita,punika sedaya saking purbawisesaneng pangeran kitA,Inggih ingkang siniuksma ,tetep tinetepan,inggih kang miseso,inggih wang /'inggih kang manuksma inggih kang sinuksma,tetp tinetepan,inggeh kang miseso ,inggih kawisesa ,umpami suryo lan sunaripun,maben lan manisipun,sayekti boten saget dipisahno
2.wejangan PAMBUKO KAHANANING PANGERAN. pamejangipun amarahaken pepangkatan adeging gesang kito,dumunung ingdalem 7 kahanan.sasadan pangandikane pangeran dateng N Muhammad mekaten:setuhune ingsun pangeran sejati lan kuwoso anitahaken sawijiwiji, dadi saknaliko saka kerso lan pepesteningsun,ingkono kanyatane gumelareng karsa lan pakartiningsun,Kang dadi pertandha
1.ingsun gumono ingdalem alam awang uwung kang tanpo kawitan tanpo wekasan ,iyo iku alam ingsun kang piningit
2.ingsun nganaaken cahyo minangka panuksamaningsun,dumunung ono ing alam pasenedaningsun
3.ingsun nganaaken wewayangan,minangka dadi pertandha rahsaningsun ,dumunung ana alam pambabaring wiji
4.ingsun nganaaken suksmo ,minangka dadi pertandha kauripaningsun,dumunug ana alaming getih.
5.ingsun ngaaken angen2 kang uga dadi warnaningsun,ana ingdalem alam kang lagi keno kaumpamaaken bae
6.ingsun nganaake budi ,kang minangka kenyataan pencareng angen2kang dumunung ing dalem alam badan alus
7ingsun anggelar warana kang minangka kakandhangan sekabehe paserenaningsun .kasebut nem perkara ing duwur mau tumitah ana ing ngalam dunya iki sajatining manungsa.
kacarios wonteneng warana mau wau,kadadosake saking pakartining pramana warni sesotyoa kang darbe sorot mancawarni,ing nalikanipun mosik lajeng ngawontenake tigang perangan ing satunggal satunggale perangan sami nngwontenaken warni tigang perangan malih ,kadosta;
1.huruh, ngawontenake :1kulit,daging ,sapanunggalane 2 ,manik,manah ,jantung sapanunggalane.3herah,mani,sumsum ,sapanunggalane
2kukus,ngawontenaken 1,napas lan kaketeg.2.pancadriyo 3.nafsu
3.toya ,ngawontenaken 1,suksma utawi nyawa.2 rahso utawi cipto 3cahyo
sedayo wau inggih punika ingkang sami dados warnaneng pangeran dumunung ing badan kita pribadi ,sampun uwas sumelang ing oanggaleh ,sebab kawontenanipun ingkang gumelar ing jagat ageng lan jagat alit ,punika sampun kawengku saklebeting warana ,kaprabawan deneng purbo wisrsaning pangeran kita.

wejangan PASEKSEN/SASAHIDAN dari Attasadur Adammakna
wejangan paseksen ;pamejanganipun kinen anaksekaken dhateng sanak kita inggih punika sagunging dumadi .ingkang gumelar wonten ing donya .kadosta langit ,surya, wulan ,lintang latu, angin ,toya lan sapanunggalanipun,samiyo aneksenanayen yen kita samangke sampun angakeni jumeneng pangeran,dados warganing pangeran ingkang sajati.wewarah punika saking cipta sasmitaning N.MUHAMMAD.S.A.W.ingkang kawedaraken dhateng bagindha ngali :
INGSUN ANEKSENI ING URP INGSUN DHEWE,SETUHUNE ORA ONO PANNGERAN ANGING INGSUN lan INGSUN ANEKSENI MUHAMMAD UTUSANINGSUN SEJATINING KANG ARAN ALLAH IKU BADANINGSUN, ROSUL IKU RAHSANINGSUN,MUHAMMAD IKU CAHYANINGSUN IYA INGSUN URIP TAN KENA Pati,kang eling tan kena lali,LANGGENG TAN KENA OWAH LAN GINGSIRING KAHANAN JATI ,IYA INGSUN KANG WASKITA ORA KESAMARAN ING SAWIJI WIJI,TETEP INGSUN KANG MURBA MESESA,KANG LUEH WICAKSANA ,BYAR SAMPURNA PADHANG TERWANGAN,ORA KRASA OPO OPO ORA KATON OPO OPO AMUNG INGSUN KANG MENGKU ALAM KABEH KELAWAN PURBA WISESA PEPESTENINGSUN.
menggah dunungipun mekaten;kasebut ing dikir ;LA ILAHA ILLA LLAH MUHAMMADUR ROSULULLAH tegesipun mekaten boten wonten pangeran anging Allah lan muhammad utusaning Allah,ananging sejatosipun ingkang dipun wastani Allah iku pakartineng rosul,rosul punika inggih muhammad lan muhammad punika sejatose cahya kita,sajatose gesang kita punika gesanging pangeran,;kayekten kasebut bileh pangeran punika kuwasa mijilaken gesang saking pejah wijiling pejah saking gesang.inggih gesang kita pribadi punika sayekti saking ngpejah ,ing wekasan bten kenging pejah

Langganan:
Postingan (Atom)