5.Wejangan engkang kaping gangsal, dipun wastani ;KANYATAHAN WAHANANING PANGERAN, inggih puniko ambuka panataning palenggahan, duk jumeneng wonten salebeting jantunging manungso, puniko sajatosipun inggih namong minongko pitedahan kayektening kahanan satunggal-satunggal, nandhakaken kadadosaken karsa ingkang langeng boten mawi ewah gingsir saking kahanan jati. Makaten ugi ngemot carios bab kasampurnaneng manungso, sasadan pangandikaning Pangeran dateng N. Mohammad s.a.w. Makaten pangandikanipun ; sajatine ingsun anoto palenggahan ono sajroning jantunging manungso,iyo iku enggon laranganingsun, jumeneng ono dhodoning manungso, kang ono sajroning dhodho iku ati, kang gagandengan ono saantaraning ati iku jantung, sajroning jantung iku budi, sajroning budi iku jinem, tegese angen-angen, sajroning jinem iku suksmo, sajroning suksmo iku rahsa, sajroning rahsa iku ingsun, Ora ono Pangeran anging ingsun, sajatining urip kang amlimputi sagunging kahanan, menggah dhunungipun makaten ;
1. Dhadha, tegesipun griyo kang ka'awisan.
2. Ati, tegesipun panca driya, inggih nafsu, wahyaning nafas.
3. Jantung tegesipun osik gangsal, inggih birahi, wahyaning keteteg.
4. Budi tegesipun kawaspadan, inggih karsa, wahyaning pamicara.
5. Jinem tegesipun panggraita, inggih swara, wahyaning pamiarsa.
6. Suksmo tegesipunerah, inggih cipta, wahyaning pangganda.
7. Rahsa tegesipun urip, inggih kang kawasa, wahyaning pangraos.
Perangan ing nginggil punika, inggih sami kemawon maksutipun kaliyan perangan ing wewejangan ingkang kaping sakawan.
6. Wewejangan ingkang kaping nem, dipun wastani ; KAYEKTEN KAHANANING PANGERAN, inggih puniko pambuka tataning palenggahan duk tinoto wonten kontholing manungso, inggih saking karsaning Pangeran engkang amesti, puniko sajatosipun inggih amung minongko pitedahan kayektening kahanan satunggal-satunggal, nandhakaken kadadosaken karsa ingkang boten mawi ewah gingsir ing kahanan jati, Mekaten ugi ngemot carios bab kasampurnaning manungsa ingkang ugi sasadan pangandikanipun Pangeran dhateng N Mohammad s.a.w. Makaten pangandikanipun ; sajatine ingsun anata palenggahan ana sajroning kontholing manungsa, iku omah dununging pasucianingsun, kang ono sajroning konthol iku pringsilan, kang anglimputi ono sa'antaraning pringsilan iku mani, sasarining mani iku madi, sasarining madi iku wadi. sasarining wadi iku manikem, sajroning manikem iku rahsa, sajroning rahsa iku ingsun.Ora ono Pangeran anging ingsun, sajatining urip kang anglimputi sakliring tumitah, jumeneng dadi wiji kang piningit, tumurun mahanani sosotya kang ndingin kahanan kabeh, maksih dumunung ono alaming wiji, laju manggon ono ing alam pambabaring wiji, laju tumurun ono ing alaming suksmo, iyo iku alam kang ingaran upama, laju tumurun marang alam dunya, iyo iku alaming manungsa urip, lan iya iku sajatining warnaningsun. Menggah dunungipun makaten ;
1.kontol,sinebut griya kang sinucekaken
2.pringsilan.nyataaneng birahi ,bubuka semsemeng manah
3mani nyatning hawa bubuka semseming pandulu
4.madi nytaning karsa bubuka semseming pamireng
5,wadi nyataning cipto,bubuka semseming pocapan
6.manikem nytaning pangraos ,bubuko semseming pangambu
7,rahsa,nyataning pangawasa, bubuko semseming salulut
Panggenaning maleh ;
1.mani=pejuh ingkang taksih kados toya warnaning surat biru
2madi sarining mani warnining surat dadu
3.wadi sarineng madi,waarninipun surat jene
4manikemsarining wadi warnining pethak maya maya kadi retna
5.wiji kang pininigit ,inggih punika rahsa aejati
6.sosotya ing dihin inggih manik embaning rahsa sejati ing ngriku wontening papangkatan pambabaring wiji dumunung wonten guo garbaning rena biyung ,inggih punika
1. Duk kendel 1 wulan, kita dumunung wonten alaming wiji.
2. Duk kendel 2 wulan, kita dumunung wonten pasenedhaning wiji.
3. Duk kendel 3 wulan, kita dumunung wonten pambabaring wiji.
4. Duk kendel 4 wulan, kita dumunung wonten alaming roh.
5. Duk kendel 5 wulan, kita dumunung wonten alaming upama
6. Duk kendel 6 wulan, kita dumunung wonten alaming badan.
7. Duk kendel 7,8,9 wulan, kita dumunung wonten alaming manungsa.
Ing mriku kita tetep jumeneng kasampurnaning manungsa [insan kamil], sampun darbe pakerti kita badhe lahir saking guwagarbaning ibu, tumitah wonten ing donyo.
Dene wejangan puniko manawi tumanduk dateng tiyang estri, wenang kasantunan pamangsitipun makaten ; ingsun anata palenggahan jumeneng ana bagane Siti Kawa, kang ana sajroning baga iku purana, kang ana antaraning parana iku reta, sajroning reta iku madi, sajroning madi iku wadi, sajroning wadi iku manikem, sajroning manikem iku rahsa, sajroning rahsa iku ingsun, lan salajengipun kados wejangan tumrap ing priya kasebut ing nginggil
Tidak ada komentar:
Posting Komentar