Sabtu, 11 Desember 2004

3. wejangan GEGELARAN KAHANANING PANGERAN

   3 Wejangan GEGELARAN KAHANANING PANGERAN ,Pamejangipun ambabaraken ingkang dados kanyatahan lan karsaning pangeran ,nalika anggelaraken kahanan miwah panguwasanipun,inggih punika  ingkang anedahaken waktu nbadhe dhtengipun pejah ,kang ugi sasadan pangandikane pangeran dhateng N MUHAMMAD SAW,mekaten:SAJATINE MANUNGSA IKU RAHSANINGSUN LAN INGSUN RAHSANING MANUNGSA ,karana ingsun anitahaken wiji kang cacamboran dadi saka karsa lan panguwasaningsun,iyo iku sasamineng geni ,bumi ,anngin lan banyu.,ingsun panjingi 5 perkara :cahyo,cipto,suksmo(nyuwo),angen2 , lan budi.iku minangka embanan panuksamaningsun,sumrambah ana ing badaning manungsa.
         wejangan inggil puniko cunduk kaliyan pangandikane para wicaksana ing ngatas angin,makaten :rupo sejati punika asal saking sejatining rupo ,sajatining rupo punika inggih warnaning pangeran kang sajati,kababar wonten rupo kita pribadi,inggih punika tulada surating pangeran ,.utawi sajatinng panngeran punika dados tiladaning nyawa utawi suksma ssajati,nyawa sejati dados tiladaning warna sajati,warna sajati punika dados tiladaning rupo kita sajati,sampun uwas sumelang  maleh sebab kahananing manungsa punika tuturutan wahananing pangeran ,katandaha saking prabawaning cahyo kang anglimputi ing warna kita pribadi,
     amung dumugi samanthaen kemawon tepo palupining pralambang ,menggah sumelehin panggalih kasumanggaaken,angger kayuwuhan budi wicaksana .sayekti saged anampeni suraosipun sedaya wejangAN

Tidak ada komentar:

Posting Komentar